sumber cerita : facebook
Midkhol Huda
cerita ini q dedikasikn bwt sobat2
penikmat kopi...
Berhati hatilah dg kopimu!
Suatu hari slamet mertamu nang
omahe Faisol disuguhi kopi. Jarene
kopine enak tenan, soale Faisol ngelem
kopi sing disuguhno. Slamet akhire
nyruput kopi soale penasaran rasane.
Slamet: "Iki kopi opo tho, kok rasane
rodo kecut?" Faisol : "Iku kopi istimewa,
meh podo karo kopi luwak sing larang
iku." Slamet : "Woo ngono tho, kopi
opo jenenge?" Faisol: "Kopi kucing, aku
gawe dewe..." Slamet : "Opo iyo kok
jenenge kopi kucing?" Faisol : "Soale
diolah lewat kucing, kopi luwak kopine
dipangan luwak ndisik sakdurunge
diolah, kopi kucing iki dipangan kucing
sakdurunge diolah dadi kopi bubuk.
Aku terinspirasi karo kopi luwak, cuma
ben gampang aku gawe kucing ae."
Slamet : "Kucing doyan kopi to, Sol?"
Faisol : "Sakjane yow ora, kopine tak
gerus rodo kasar, trus tak campur ikan
asin, mari ngono tak pakakno kucing."
Slamet wetenge wis mulai rodo mules,
Slamet : "Terus piye prosese Sol?"
Faisol : "Kopine kan metu bareng taek
kucing, gerusan kopine disaring,
dikumbah terus dipepe sampek garing,
terus digiling maneh sampek halus.
Lha iki kebetulan awakmu sing pertama
nyubak kopi kucing, wong yo durung
onok sing tak suguhi kopi kucing iki,
aku dewe arep nyoba kok yo gak kolu...
Yo opo Met, rasane?" Slamet: "Azzu....
Azuuuuu tenaaann.... kowe Azzuuu ...!!!
Iki duduk kopi kucing, Sol, tapi nek iki
yo taek kucing jenenge!"
penulis ulang :
fery firdaus </div>
Tidak ada komentar:
Posting Komentar